SURANAN
Murid : Assalamu’alaikum
Narasumber : Wa’alaikum salam.Monggo mlebet mawon mba?
Murid : Inggih,matur nuwun mbah. Sugeng Mbah?
Narasumber : Pangestunipun nak.Wonten nopo kadingaren
pada dolan mrene?
Murid : Kados niki mbah,kula lan
kanca-kanca gadhah tugas saking sekolahan
ken madosi informasi babagan kebudayaan jawa ing dusun
kewarisan niki.
Narasumber : Oh,kados niku.Saking SMEA nggih mba?
Murid : Nggih,mbah.
Narasumber : Ajeng tanglet nopo?
Murid : Ngapunten mbah sak derengipun,kula ajeng
tanglet,asmane simbah sinten?
Narasumber : Nami kula,napa nami garwa kula?
Murid : Nggih asmane simbah mawon.
Narasumber : Asma kula wartun nak.
Murid : Nuwun sewu mbah,tegese suranan niku napa mbah?
Narasumber : Slametan sing dianakake ing wulan sura
saben wong sing asli kewarisan kudu gawe.Sing
pada mranto kudu bali,yen ora ngirimi duwit mengko jaluk
gawekna slametan karo sing nang ngumah. Tradisi iki pancen
aneh tapi nyata tuladhane nek ora gawe ana bae masalahe.Dadi
ora kena go dolanan,niate kudu apik.
Murid : Ancase suranan niku nopo ,mbah?
Narasumber : Kanggo slametan,supaya diparingi
berkah.Kanggo nyuciake badan
Murid : Sejarahnipun suranan niku napa mbah?
Narasumber : Aku ya ra ngerti mba.Maune simbah kan
uripe nang kulon terus bali,melu bojone.
Murid : Oh,kados niku
nggih.Menawi dhaharan ingkang mesti wonten ing suranan napa mawon mbah?
Narasumber : Ndamel sekul,kedele putih ora kena sing
ireng,peyeke kudu kan kacang,krupuk,lalabane kudu
ana petene,srundeng kuwi kudu nggawe,pitik sak gluntung.Ora
kena endog.
Murid : Kenging napa mboten angsal ngangge tigan mbah?
Narasumber : Ya,pokoke ora kena mba.Kie ana kedadean
wingi, wong sing saking ora nduwene duwit nggo tuku
pitik,lah terus diganti nganggo endog.Mripate dadi
metu.Mbasa ditakokna aring wong pinter kuwe mergane anu anggone gawe
slametan nganggo endog dadi kaya kuwe.
Murid : Oh,kados niku
nggih mbah.Lajeng masake piyambak-piyambak napa sareng-sareng warga
sadusun mbah?
Narasumber : Ya dewek-dewek mba saben keluwarga.Masake
ora kena dicicipi riyin mba.
Murid : Lha kados niku
nggih mboten ngertos rasane enak napa mboten mbah?
Narasumber : Nggih mpun adate kados niku sih mba.
Murid : Sing damel
slametan niku saben tiyang napa saben keluwarga mbah?
Narasumber : Nggih sing mpun omah-omah mba kudu damel
piyambak-piyambak.
Murid : Sing damel slametan niku sinten mawon mbah?
Narasumber : Nggeh sedaya warga asli
kewarisan utawa sedaya warga dudu asli kewarisan sing wis manggon
netep ing kewarisan niku kudu gawe
mba.
Nek misale ora duwe duwit,ya mesti ana bae rejekine sing teka.
Murid : Wekdal suranan niku ing dinten
napa mbah?
Narasumber : Nggih teng wulan sura,njuput jum’at
kliwon.Yen ora menangi,dijukut slasa
kliwone.Kebeneran taun siki nang dina jum’at kliwone tanggal 22
november jawane tanggal 18.
Murid : Tradisi suranan niku mapan ing
ngendi mbah?
Narasumber : Ing masjid banyu mudal.
Murid : Kenging napa mapan ing banyu
mudal mbah?
Narasumber : Kan teng mriku wonten pesareane syeh
asmara kondhi lan ing ngarepe wonten masjid ageng
dados mapan teng mriku sisan ziaroh.
Murid : Lajeng,sinten
mawon ingkang datheng wonten ing banyu mudal niku?
Narasumber : Sak keluwarga tumut kabeh.Mengko nang kana
uga ana bupatine melu nekseni.
Murid : Urut-urutane suranan niku kepripun mbah?
Narasumber : Belanja disit,masak,digawa menyang banyu
mudal.Neng kana diselehake/dikumpulna ing
tengah mesjid terus di dongani,yen wis cepone dijupuk,digawa bali
neng umah.Mengko panganane yen wis didongani dadi anyeb mba,ora
ana rasane.
Murid : Lajeng pripun mbah? Di bumboni
malih napa angsal?
Narasumber : Ya ulih,mba.Asal wis didongani ya wis.
Murid : Oh,kados niku
nggeh mbah.Kula astani sampun sekap matur nuwun sanget mbah.
Narasumber : Ya pada-pada mba.
AGEMAN
Murid : Mbah niki kula lan
kanca-kanca dipun dhawuhi madosi informasi babagan rasukan ingkang
diagem simbah.Rasukane simbah niku asmane napa?
Narasumber : Jenenge mbayak utawa kebaya jaman biyen.
Murid : Kenging napa simbah mboten ngaggem daster,gamis
napa celana?
Narasumber : Lah wong wis biasa mba,tur isin.
Murid : Model utawa motif rasukan kados pundi ingkang
simbah remeni?
Narasumber : Ya abang,ijo,coklat,kembang-kembang.
Murid : Mbayak utawa kebaya jaman riyin niku bentene napa
mbah?
Narasumber : Nek kebaya jaman biyen ana kuthu barunge.
Murid : Rasukan mbayak
utawa kebaya jaman biyen niku,diagem saben dinten,napa namung kala-kala
yen badhe tindak?
Narasumber : Paling ya nek garep meng mesjid,karo nek
arep lunga adoh.Wong wis
tuwa ya lunga-lunga nganngo klambi dawa nganggo kudung.Ora
patut nek nganggo klambi kaya kie.Nek nang umah lha nganggo
kaya kie kaos cendek karo jarit.
Murid : Sak lajenge,simbah remen ngangge jarit ingkang
motif napa?
Narasumber : Nggih paling sidomukti.
Murid : Urut-urutane
ngagem rasukan mbayak ingkang trep niku pripun mbah?
Narasumber : Jaritan dhisit,kari dibentingi.Klamben
terus kari kudungan.
Murid : Benting niku,ancase kangge napa mbah?
Narasumber : Ya nggo bentingan ben aja mlorod jarite.
Murid : Carane ngagem benting niku pripun mbah?
Narasumber : Ya di gubed-gubedna sing kenceng nek wis
pol lewihane dislesepena nduwur.
Murid : Simbah wiwit kapan ngagem rasukan kados niku?
Narasumber : Kawit enom,taun pira ya mbien wis kelalen
pokoke kawit enom.
Murid : Inggih mbah,sampun cekap matur nuwun sanget.
TUGAS BAHASA
JAWA
Nama kelompok :
1. Ayu vivi Ruwanti
2. Evi Agustiani
3. Irma yuliana
4. ISNAENI NURUL KHOTIMAH
5. Trisna dewi setyaningsih
Kelas : XI-B1
Smk negeri 1 kebumen
Jalan cemara no.37 karangsari
kebumen
Tidak ada komentar:
Posting Komentar